Betur bocah sing tembe sekolah TK njaluk dolan maring gone Tagluk, Kancane sing umahe sebrang ndalan.
"Mak... mamake inyong arepan dolan maring gone tagluk ya?" Betur ngomong meng mamake.
"Aja, bahaya akeh montor liwat," Mamake Betur nglarang Betur lunga.
"Ora papa lah mak, inyong wis bisa nyebrang koh," Betur tetep ngeyel njaluk dolan.
"Ya wis nganah, tapi nek nyebrang sing ati-ati ya, ndeleng kiwe tengen disit, ngenteni montore liwat ben ora ketabrak," Mamake weling.
"Iya buu." Betur semaur.
Mbarang ana sejam Betur bali ngumah kambi nangis.
Weruh anakke nangis mamake takon maring Betur.
"Loh.. deneng nangis..tukaran karo tagluk ya..?" Mamake takon.
"Ora mak..," Betur semaur.
"Apa ana wong sing nakali kowe?" Mamake takon maning.
"Ora mak," Betur semaur.
"Lah sihh.. banjur kowe kenangapa?" Mamake takon.
"Mau mbok mamakke ngomong, nek arep nyebrang inyong kon ngenteni montor liwat ben ora ketabrak," Betur semaur.
"Iya , anakke mamakke pancen pinter, terus kepriwe bisane kowe nangis..?" Mamake tambah bingung.
"Mergane ... inyong wis ngenteni ngasikan siwe banget tapi ora ana montor sing liwat, kepriwe inyong arep nyebrang.." (*)
Blog e Wong Sing Lagi Strees
Ini adalah blog yang menulis cerita2 lucu untuk menghilangkan strees, dan sebelumnya kami mohon maaf jika ceritanya ada kesamaan dengan cerita di blog lain dan tidak lucu.Trimakasih
Selasa, 11 Agustus 2015
Senin, 10 Agustus 2015
Beda Manuk Kambi Kucing
Betur sing lagi balik mudik sekang jakarta lagi seneng-senenge pamer bedek-bedekan maring kanca-kancane.
Kaya dina kue Betur lagi aweh bedekan maring kancane.
"Geh inyong duwe bedekan, nek bisa mbedek ko padha tak tukokna sroto," Betur nantang kanca-kancane.
"Ya wis ngeneh, kowe due bedekan apa, angger bener aku tukokn rong mangkok ya,?" Tagluk gole semaur semangat banget.
"Lah jan mbedek be urung uwis pada njaluk sroto," Betur semaur.
"Lah wis ngeneh ora susah kakehen sengek bedekane apa, mesti bisa di jawab," Tagluk ngomong maning.
"Ya kieh, apa bedane manuk karo kucing?" Betur aweh bedekan.
"Wah, kue sih gampang, kecil.. nek kucing ora teyeng mabur, nek manuk teyeng mabur mbok," Tagluk njawab bedekane Betur.
"Salah, jajal dipikir maning. Apa ko Narto mbok koe ngerti," Betur takon maring Narto.
"Hemm kucing teyeng moni ngeong-ngeong nek manuk ora," Narto njajal njawab.
"Lah tambah keliru," Betur semaur.
"Terus apa, nek kabehan jawaban salah,inyong nyerah wis," Betur takon.
"Geh.. Nek kucing di elus-elus dadi turu, nek manuk di elus-elus palah dadi tangi." Betur mbukak bedekan.
"Haaaaa hasyeeem ya .., " (*)

Nyonto Pas Ulangan
Rampungan ulangan, wong tuane Betur diundang nang kepala sekolah.Gara-garane Betur dicurigai pas ulangan nyonto jawabane kartinem.
"Pak tulung kueh, si Betur diomongi ben angger ulangan aja sok nyonto, soale wis diomongi nang guru-guru Betur mbingsrung banget," Kepala sekolah sing jenenge Tagluk ngomong meng bapake Betur.
"Apa iya kayane anake inyong ora tau nyonto loh, anaku mbok pinter terus sapa sing dicontoni," Bapake Betur takon.
"Lah kae si kartinem sing sering dicontoni, bocah rangking siji nang kene," Kepala sekolah semaur.
"Terus buktine apa nek anake inyong sok nyonto maring si Kartinem kue," Bapake Betur takon.
"Kieh buktine, soal nomer 1, sapa patih kerajaan majapahit pas rajane hayam wuruk? Kartinem njawab Gajah Mada terus Betur njawab Gajah Mada." Kepala sekolahe nidokna soal sing ana lembar jawabane.
"Kuwe sih dudu bukti pancen jawabane sing bener Gajah Mada," Bapake Betur ngeyel.
"Tapi kie loh pak, pas soal nomer 2, sapa pahlawan sekang aceh? Kartinem njawab ora ngerti, lah si betur njawabe ko sing rengking siji be ora ngerti apa maning inyong," Kepala sekolahe nyritakna jawabane Betur.
Krungu kaya kue Bapake Betur langsung mrenges isin banget. (*)

Minggu, 09 Agustus 2015
Selasa, 04 Agustus 2015
CITA-CITANE BETUR
Awan kuwe nang sekolahan Bu Guru Kartinem agi ngajar.Deweke agi takon maring murid-muride jan-jane pada duwe cita-cita apa angger wis padha gede ngemben.
"Miki bu guru kan wis nerangna wong-wong hebat nang dunya, kaya Bung Karno, Albert Einstein, Ngasi Maradona, siki jajal ibu takon angger wis gede ko padha kepengin dadi apa," Bu guru Kartinem nerangna nang ngarepe murid-muride.
"Jajal kowe Tagluk, ko nduwe cita-cita apa," Bu Guru Kartinem takon.
Ditakoni kaya kuwe Tagluk meneng sedela banjur semaur. "Anu inyong kepengin pinter ngaji ben ngemben dadi ustad sing terkenal nang tivi-tivi," Tagluk semaur.
"Wah apik banget cita-citamu," Bu Guru Kartinem katon seneng.
"Jajal ko Katung, ko cita-citane apa," Bu Guru Kartinem nunjuk Katung.
"Inyong kepengin dadi petani sing sawahe omber ben panene akeh banget," Katung semaur.
"Kuwe ya cita-cita sing luhur," Bu Guru Kartinem takon maring Juminten.
"Nek inyong ya bu kepengin dadi wong sing sugih, mengko duite inyong sing akeh banget nggo nyenengna wong tuaku, bojoku, karo anakku, pokoke duite inyong sing akeh banget kuwe arep nggo seneng-seneng karo bojokulah," Juminten gole semaur semangat banget.
Olih wangsulan kaya kue Bu Guru Kartinem keton bungah ngasi aweh jempol maring juminten. "Angger kaya kuwe, kowe jenenge wong wadon sing bekti maring wong tua karo bojo,apik banget kuwe, tapi nek arep sugih kude pinter karo rajin nabung,"
"Nah siki kowe Betur cita-citamu apa," Bu Guru Kartinem takon maring Betur sing njagong nang mburi ne Juminten.
Ditakoni kaya kuwe Betur semangat banget gole semaur.
"Cita-citaku kawin karo Juminten Bu," Betur semaur seru banget.
"Owalah bocah senenge koh nunut mulya tapi ra gelem kesel, dasar Betur," Bu Guru Kartinem mbatin raine keton kecut.(*)

Senin, 03 Agustus 2015
KON TUKU MONTOR
Bisa adol montor ngasikan akeh,Betur dadi sales paling Sukses nang kantore. Betur Bisa dadi sales paling ngetop mergane angger nawakna montor deweke ulet banget pokoke angger wis nawakna, Calon konsumene kudu ngasikan tuku montore. Jenenge sales Betur kie gole ngomong pinter banget.
Dina kue deweke agi nawakna montor maring peternal sapi.
"Pak,kiye ana montor tuan paling anyar," Betur nawani peternak sapi sing jenenge Tagluk.
"Ora lah," Tagluk semaur.
Senajan ditolak jenenge sales profesional Betur ora gelem menyerah, deweke tawa maning.
"Anyar , murah maning, cash bisa kredit ya kena," Betur ngerayu maning.
"Durung butuh lah,"
"Masa juragan sapi sukses kaya sampeyan ora karena montor, ngeneh njikot montor karo Inyong, yakinlah sumpah lewih Murah Ketimbang nang diler liyane," Betur gole tawa ora Menyerah.
Ngerasa ditawani bae tur maning wis nolak , Tagluk suwe suwe dadi kesuh.
"Geh... daripada nggo tuku montor, mending duite tak enggo tuku sapi maning, susune diperes malah olih kasil, nganah inyong ora butuh montor," Tagluk gole semaur mandan akeh.
Krungu kaya kue Betur Malah Tambah semangat gole nawani, siki nganggo TRIL ngenyek KONSUMEN mangsude ben dadi gelem tukune.
"Lah sih.. Jajal dipikir, bapake bakalan keton bodo nek lunga-lunga numpak sapi, mulane tuku montor," Betur semaur.
"Bebeh ya bebeh!!!" Tagluk kesuh. "Geh rungokna ya keton lengob endi nek wong weruh inyong nunggang sapi apa agi meres montor," Betur semaur karo lunga.(*)

Sabtu, 01 Agustus 2015
NABRAK MOBIL NGAREPE
Wengi kuwe Betur agi numpak mobil deweke Tembe sekang-luar kota arep bali meng ngumah.Wektu kuwe ana pamor udan gede banget, eh ndilalah lampu ngarepe mati.
"Jan kera temen Kiye, wis pamor udan gede lampu mati maning jan .. jan .. angger ora bali siki ngko Inyong telat gutul ngumah, biyunge bocah Bisa kesuh-kesuh," batin Betur.
"Oh ya Mengko angger ana mobil liwat Inyong ngetutna sekang mburi bae lah," batin Betur bernyanyi olih akal Mandan maen.
BeGiTu Akhire ana mobil liwat bernyanyi pas searah Betur Langsung ngetutna sekang mburine.Betur ngetutna nganggo patokan lampu mburi mobil bernyanyi ana nang ngarepe mau. "Untung bae ana lampu mburine mobil ngarep kae padang, dadi Inyong gampang gari ngetutna tok," batin Daplun.
TAPI Agama Ujung-Agama Ujung mobil bernyanyi ditututna nang Betur mandeg Mendadak akibate ponsel Betur nabrak mobil ngarepe.
Ben ora domeih, Betur kepikiran kudu kesuh disit. "Kiye dudu Salahku loh, salahe rika bernyanyi mandeg Mendadak," Betur gole ngomong kaya Nantang.
"Ya Jelas salahmu koh," bernyanyi karena mobil ngarep bernyanyi jenenge Tagluk semaur.
"Ya ora lah, rika Bisa-bisane bernyanyi ponsel mandeg Mendadak koh Malah nyalahna Inyong," Betur ngomong suarane esih Mandan Atos. "Lah kowe Pikir Kiye nang ndi, Kiye garasine Inyong ngerti .. Kiye garasine Inyong !!! Tagluk giliran kesuh (*).

Langganan:
Postingan (Atom)