Betur bocah sing tembe sekolah TK njaluk dolan maring gone Tagluk, Kancane sing umahe sebrang ndalan.
"Mak... mamake inyong arepan dolan maring gone tagluk ya?" Betur ngomong meng mamake.
"Aja, bahaya akeh montor liwat," Mamake Betur nglarang Betur lunga.
"Ora papa lah mak, inyong wis bisa nyebrang koh," Betur tetep ngeyel njaluk dolan.
"Ya wis nganah, tapi nek nyebrang sing ati-ati ya, ndeleng kiwe tengen disit, ngenteni montore liwat ben ora ketabrak," Mamake weling.
"Iya buu." Betur semaur.
Mbarang ana sejam Betur bali ngumah kambi nangis.
Weruh anakke nangis mamake takon maring Betur.
"Loh.. deneng nangis..tukaran karo tagluk ya..?" Mamake takon.
"Ora mak..," Betur semaur.
"Apa ana wong sing nakali kowe?" Mamake takon maning.
"Ora mak," Betur semaur.
"Lah sihh.. banjur kowe kenangapa?" Mamake takon.
"Mau mbok mamakke ngomong, nek arep nyebrang inyong kon ngenteni montor liwat ben ora ketabrak," Betur semaur.
"Iya , anakke mamakke pancen pinter, terus kepriwe bisane kowe nangis..?" Mamake tambah bingung.
"Mergane ... inyong wis ngenteni ngasikan siwe banget tapi ora ana montor sing liwat, kepriwe inyong arep nyebrang.." (*)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar